Selasa, 30 Desember 2014

Takdire Semar


wis dadi tekdire semar
pangalok-aloke kudu kasamar
ngerti marang dununge batur
ora kena blaka ngeculake pitutur
wibawa bendara bisa luntur
mbokmenawa dhalange lagi kelangan greget
nganti kawetu suwara sepet
kang padha nonton ngantuk
niyagane sesautan watuk
gareng, petruk saha bagong
ngati-ati anggone omong
kurang begjane bisa mbilaheni
kapunggel tembang campur sari
wis dadi tekdire semar
menungsa setengah dewa
samubarang kudu sarwa samar
blaka walaka kagolong langka

Oleh-Oleh Kongres Kebudayaan Jawa 2014, Urip Njawani Samesthine Rumasuk ing Pakarti


Ketua Panitia KKJ 2014 Prof Dr Dr Soetomo
Ketua Panitia KKJ 2014 Prof Dr Dr Soetomo
Mapan ana kutha Surakarta, Kongres Kebudayaan Jawa 2014 klakon kaleksanan dhek Senen 10 No-pem­ber nganti Rebo 12 November kepung­kur. Jadwal acarane pancen nganti dina Kemis, 13 November. Nanging kasunyatane kabeh adicara bisa tuntas ing dina Rebo bengi.
PS kang antuk kalodhangan teka, kaya-kaya antuk angin seger. Awit ing sadawane acara bisa sapatemon klawan para paraga kang nduweni rasa tresna marang budaya, mligine Jawa. Kamangka pasarta ora mung saka tlatah Jawa bae. Ana kang saka Bali, Nias, uga negara manca. Iki ndadekake mongkog, amarga kabukten budaya Jawa iku narik kawigaten.
Gub Jateng Ganjar Pranowo nalika sesorah ing pambukaning adicara KKJ 2014
Gub Jateng Ganjar Pranowo nalika sesorah ing pambukaning adicara KKJ 2014
Pambukaning KKJ 2014 mapan ana ISI Surakarta, diwiwiti kanthi pasugatan Tari Bedhaya Lala. Paraga cacah sanga ma­nganggo sarwa abang, mujudake mahasiswa ISI Surakarta, wasis lan nengsemake ang­gone padha mbeksa. Ing kalodhangan iki, rawuh Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pra­nowo, SH, saperlu nindakake tapak asta Nota Kesepahaman bebarengan karo Rektor ISI Surakarta, Dr. Sri Rochana Widyastutiening­rum, S. Kar., M. Hum.
Ganjar Pranowo uga ngandharake yen dheweke rumangsa miris ngulati para wakil rakyat kang bubar diresmekake malah padha udreg padu. Tumindak iku, miturut priya kang lair ing Karanganyar iku, ora trep klawan budaya rembugan amrih antuk mufakat.
Rembugan, Ganjar negesake, mujudake salah sawijine budaya kang bisa ditrapake ing paprentahan saha masyarakat. Dheweke menehi conto, wis nate nindakake rembu­gan klawan warga Batang nalika arep mbangun PLTU, uga adate rembugan ba­reng buruh kanggo netepake UMP, lsp. “Aku yakin yen sarana rembugan, pirang-pirang perkara bakal bisa dirampungake kanthi becik,” jlentrehe.
Gub DI Yogyakarta negesake bilih sikep wicaksana luwih penting digatekake
Gub DI Yogyakarta negesake bilih sikep wicaksana luwih penting digatekake
Ing adicara pambuka iku rawuh uga Walikota Surakarta FX Hadi Rudyatmo, mantan Gubernur Jawa Tengah lan mantan Mendagri Mardiyanto, uga Dirjen Kebudayaan RI Prof Kacung Marijan PhD. Lan sing mesthi, Prof Dr Dr Soetomo minangka sesepuh Ya­yasan Kantil.
Sadurunge pasarta bali menyang hotel, isih ana pasugatan wayang pakeliran. Wahyu Makutha Rama lakone. Nyritakake bab Kura­wa lan Pandhawa kang padha-padha ngu­paya antuk pusaka Astha Brata, amarga dipercaya kang antuk kanugrahan kasebut bisa mandhegani praja kanthi becik.
Dina candhake, kababar maneka bab kang wus dirancang panitiya kongres. Salah sijine saka Gubernur Daerah Istimewa Yog­yakarta, Sultan Hamengku Buwono X. Ngarsa Dalem ing kalodhangan iku negesake, dene watak njawani samesthine rumasuk ing tumindak. Aja kok kanthi sora nyuwarakake dene budaya kita wis kagerus budaya asing, nanging karemane manganggo busana pro­duk luwar negri. Pancen kudu wicaksana, ngelingi akeh bageyan-bageyan kang ora bisa diendhani magepokan karo budaya njaban rangkah. Kang luwih utama, miwiti bisa ngrumangsani sikep lan solah bawa kang trep klawan budaya Jawa.
Tari Bedhaya Lala
Tari Bedhaya Lala
Mooryati Soedibya kang kawentar kanthi produk Mustika Ratu ing KKJ 2014 uga kober ngandharake bab pentinge nglestarekake asil bumi Nuswantara. Mligine empon-empon kang mujarab kanggo usada (jamu), lan kosmetik.
Dene perwakilan Pangdan IV Dipone­goro, Mayjen Sunindio njlentrehake, ing ndalem TNI pancen ora ana bidhang kabuda­yan. Nanging bab budaya Jawa, banget akehe digunakake ing samadyaning karya. Ya nalika nindakake jejibahan, kaya dene watak satriya. Uga magepokan bab bebra­yan, ngelingi anggota TNI uga nduweni kula­warga, kang malah anggone mapan kape­tung nglumpuk (sakomplek).
Gub Jateng lan Rektor ISI Surakarta nalika tandha tangan Nota Kesepahaman
Gub Jateng lan Rektor ISI Surakarta nalika tandha tangan Nota Kesepahaman
Materi kang ora kalah narik kawigaten yaiku saka ature Sumardjoko. Priya Pacitan kang nate dadi camat Borobudur lan Kadin Pariwisata Kabupaten Magelang iki njlen­trehake dene Borobudur mujudake siji-sijine “keajaiban dunia” kang mapan ana kidule garis katulistiwa. Mula kawigatene masyarakat saha pamarentah kudu digrengsengake maneh.
Pardi Suratno medharake tulisan kang dipisungsungake marang para penulis sastra Jawa. Dheweke ngelingake amrih para penulis aja cilik atine. Uga rasa mongkoge, ing dinane iki isih akeh penulis kaya ta Sudi Yatmana ing Semarang, lan ing Kebumen ana Turiyo Ragilputra. “Yen zaman dhisik para penulis iku ana ing pangayome raja, saiki wis ora sowang-sowang maneh nanging lem­baga,” kandhane. Contone Kantil, Per­ma­dani, uga Swagotra.
Bab watak utamaning raja utawa “pe­mim­pin” sajake pancen lagi “naik daun”. Mbokmenawa magepokan karo kadadeyan politik durung suwe iki, yaiku pilihan presiden. Buktine, Drs. Akhmad Nugroho, SU lan Drs Anung Tedjowirawan, MA asung tulisan bab Kusumawicitra, minangka paraga “pemimpin ideal”.
Rebo bengi, ing adicara panutup, sansaya regeng. Amrih saliyane para panitiya atur lapuran lan rekomendasi, ana maneka hibu­ran. Tari Dholalak saka Purworejo salah sijine. Uga pranata cara kang njalari para pasarta ger-geran. Kepara bapak Mardiyanto kersa nembang kang ndadekake swasana gayeng. Siyap-siyap, amarga dirancang KKJ kalek­sanan maneh taun 2018 ing Surabaya, Jawa Timur. (nana)

Tabeting Lakon Kepungkur


Kabar lelayu esuk iku ngelingake aku marang lelakon kepungkur, sabab sing seda iku wong sing banget tumabet ing engetanku. Jenene Lestari, umur 69 taun. Jaman semana Lestari iku dadi kekembange bocah sepuran, yaiku bocah-bocah sekolah sing padha nglaju numpak sepur menyang Sala utawa Yogya. Bocahe pancen ayu tur kenes. Cara wayange ngono kaya Dewi Banowati. Akeh bocah lanang sing kedanan marang dheweke.
Ing antarane bocah akeh sing padha kepencut mau, sing oleh tanggapan saka Lestari mung loro, yaiku aku lan Tarso. Jane aku ki ora bagus, ning kondhang pinter. Lestari kerep pating glenik karo aku ing stasiun, merga dheweke takon soal PR. Sajake Tarso serik. Aku ditan­tang jotosan, dikangseni dina Minggu ing Stadion Klaten. Mesthi wae aku nyaguhi. Nanging aku kalah. Lestari dadi kukubane Tarso. Bubar kuwi njur wis ora tau kete­mu, awit wis padha lulus SMA, banjur pa­dha nerusake kuliyah.
Aku rada gumun maca serat lelayu iku. Bojone Lestari kok Gita Mursid. Lha Tarso biyen kae ana ngendi? Gita Mursid pancen uga gandrung karo Lestari, nanging sajege ora ditanggapi.
Tekan papan duhkita aku jenggi­lengan nggoleki, mbokmenawa Tarso uga katon layat. Nanging ora katon. Ma­lah ketemu kanca lawas liyane. Mas Tris, Atmana, Muji, Aminah, kabeh wis kem­pot lan kisut kaya aku. Mbak Muji malah dakgodha:
“Wah, seprene kok isih ayu wae ta mbak?”
Dheweke nyengenges karo alok, “Wah, gombalmu seprene kok isih ta. Mula awet enom.”
Bubar omong terus ngrangkul, pipiku diambungi. Aku babar pisan ora kaget. Wiwit sekolah biyen nek kepethuk aku pancen ngono kuwi. Mas Julang, garwa­ne sing lenggah ing sandhinge malah alok karo ngguyu:
“Alah, wis kisut we kok ngambung.”
Matur nuwun Mas, cincin iki bakal dakenggo selawase
Matur nuwun Mas, cincin iki bakal dakenggo selawase
Diwangsuli mbak Muji sakepenake, “Wis kebacut apa wiwit biyen.”
Loro-lorone iku bi­yen kanca sakelas, nanging umurane te­lung taun luwih tuwa timbang aku. Olehe pacaran ya wiwit ana SMA biyen, bisa kela­kon jejodhowan ngan­ti seprene. Wis padha tuwa kepethuk kanca lawas, dadi gayeng olehe padha omong-omongan. Mas Julang sekaliyan iku jebul ngerti anakku. Dhe­weke kandha:
“Dhik, upama ko­we biyen menang jo­tosane, njur oleh Les­tari iki, malah ora bagya uripmu.”
“Sababe apa Mas?” takonku.
“Dheweke iku gabug ora duwe anak. Sing ditulis ing serat lelayu kuwi anak pupon.”

Aku manthuk-manthuk. Pancen lagi ngerti iki. Sauntara mas Julang………

http://www.panjebarsemangat.co.id/tabeting-lakon-kepungkur

Wejangane Ndara Sasra



Apa ana ta
Wong nglurug tanpa bala
Digdaya tanpa aji
Menang tanpa ngasorake
Sugih tanpa bandha

Pancen kuwi wejangane
Tumrap sing wis kulina nyipati dhewe
Krungu dhewe ing pagurone
Padha mratelakake guna paedahe

Kanggo sing durung tepung
Durung ngreti durung dunung
Sing sangsaya akeh cacahe
Kamangka karasa cocog banjur kepriye

Prelu maguru
Ana sing njlentrehake nggenah-nggenahake
Ana sing ndunung-ndunungake
Babagan hakekat surasa lan paedahe
Apadene mungguh laku-lakune

Kamangka ora ana gurune
Amarga murid kuwi gurune pribadine
Guru kuwi muride pribadine
(eneng ening enung enang enong)

“Know yourself control yourself and be yourself “
Ngudi trap trep jumbuhing jagad cilik lan jagad gedhe
Bisa bae alon nanging klakon
Kena bae cepet anggere slamet

Banjur bisa anggelar lan anggulung kasebut iki
Anggelar pamandeng angringkes pamantheng
Ambuka netra anutup soca
Angukup kabeh anyandhak siji

Wis
Muga padha bisa
Necep neges nderes wejangane Ndara Sasra *)

*) Asma genepe Drs. Raden Mas Panji Sasrah Kartana (1877-1952)

Minggu, 28 Desember 2014

Ngulinakake Obah Wiwit Mudha


Ngulinakake Obah Wiwit Mudha
Ngulinakake Obah Wiwit Mudha
Masyarakat kita, utamane bocah enom, sajake isih durung paham bebayane saka lageyane urip kang ora aktif. Kamangka, sacara klinis, kahanan iki bisa nyebabake sakehing penyakit ora nular kayadene kelemon (obesitas), darah tinggi (hipertensi), lan gangguwan jantung.
Perkembangan teknologi, informasi, lan globalisasi aweh pengaruh tumrap lageyane urip sawijining pawongan, utamane kanoman. Salah siji perangan lage­yane urip kasebut yaiku wujud kegiyatan fisik sing sajak ku­rang obah. Iki dibuktekake dening Riset Kesehatan Dasar (Ris­kendas) Kementerian Kesehatan (Kemenkes) taun 2013 ke­pungkur kang nuduhake meh se­paro saka perangan pendhu­dhuk Indonesia kelompok umur sandhuwure 10 taun kegolong nduweni pakulinan wegah ngo­bahake awake.
Watara 42 persen saka ke­lompok umur kasebut ana ing go­longan kurang nindakake ke­giyatan fisik suwene telu nganti lima setengah jam saben dina­ne. Saperangan akeh saka dhe­weke mau ana ing wewengkon Jawa Timur (udakara 33,9 per­sen) lan Jawa Barat (33 per­sen). Mungguhing pendhudhuk Jakarta, luwih saka 44 persen.
Dokter Andi Kurniawan SpKO saka Perhimpunan Dokter Spe­sialis Kedokteran Olahraga (PDSKO) mratelakake, asil pa­naliten marang 500 kanoman saka limang SMP lan limang SMA ing Jakarta nyebutake udakara 36 persen siswa nan­dhang kelemon (obesitas) lan 63 persen ora bagas waras (bugar). Sing mrihatinake maneh, tambahe, udakara 70 per­sen siswa ngaku nonton televisi lan komputer sedina luwih saka rong jam. Lan mung 28 persen sing ngeloni ekstra­kurikuler (ekskul) utawa klub olahraga.
Ukuran kelemon yaiku massa indeks awak, gajih awak, gajih weteng, dedege awak, umur, lan bobote awak. Sawata­ra, bagas warase awak diukur saka asil beep test, tes kelen­turan, lan tes kekuwatan. Mungguhing kanoman, ukurane yaiku duwe VO2 max 32 utawa bisa ngrampungake level 6 kanggone priya lan level 5 tumrap wanita.
“Kanoman jaman biyen yen jam istirahat (ngaso), main gobak sodor, basket, utawa liyane. Nanging, saiki luwih akeh main gadgetupdate status. Mulih sekolah uga numpak mobil utawa motor. Arang ana sing mlaku,” ujare Andi ing acara Indonesia Sehat dan Bugar (Indonesia SeGar) Siapkan Guru untuk Inspirasikan Gaya Hidup Aktif di Sekolah ing SMP Negeri 11 Jakarta, durung suwe iki.
Manut kandhane, kegiyatan fisik iku wigati banget kanggo nyengkuyung bocah kanoman utamane siswa ing sekolah supaya bisa bagas waras. Sebab, klawan urip giyat, jantung bakal kulina mompa getih menyang sakojur awak.
“Bocah aktif nindakake kegiyatan wis mesthi nduweni kemampuwan akademik kang luwih becik tinimbang kang ora aktif,” tandhese Andi. Kegiyatan fisik uga mupangati kang­go fungsi pernapasan lan daya tahane awak, mekar lan keku­watane otot, mikuwati balung, nyegah penyakit kronis, nindak­ake fungsi kognetif, njaga bobote awak, lan nyegah ati sumpek (depresi).
Mula iku ing kalodhangan iki Andi aweh saran marang wongtuwa supaya tansah miga­tekake panganan padinane ma­rang putrane lan mesthekake me­nawa wektu ngasone cukup. Upamane, matesi wektune non­ton televisi utawa  main game sa­engga turune anak ora kewe­ngen. Yen nutrisi kacukupan, kegi­yatan fisik sedina sethithike 60 menit lan ngasone cukup, anak wis bisa bagas waras (bugar).
Dokter Spesialis Kedokteran Olahraga Indrarti Soekotjo ngakoni, masyarakat sa­jak isih nglirwakake bebayane lage­yane urip kang ora aktif. Ka­mangka, sacara klinis, ka­hanan iki bakal mengaruhi un­dhake resiko marang kesehatan, mli­gine sakehing penyakit ora nular kayadene kelemon, hiper­tensi, lan gangguwan jantung, malah ing umur enom.
Mula iku, kita kabeh perlu obah (gerak) bebarengan kang­go mbiwarakake kegiyatan iki marang masyarakat, mligine generasi kanoman Indonesia,” ujare.
Sawatara iku, sawise aweh pelatihan marang para praktisi kesehatan lan nyepakake sakehing keperluwan olahraga ing ruwang-ruwang publik, saiki salah sawijine perusahaan inu­man segar liwat gerakan Indonesia SeGar njembarake caku­pane klawan nggepok salah sijine pilar wigati liyane, yaiku do­nyaning pendhidhikan utawa sekolah.

“Gerakan Indonesia SeGar teka klawan pendekatan holistik kang nduweni tujuwan mromosekake lageyane urip sehat lan aktif liwat sakehing kegiyatan, becik ing tingkat profesional medis apadene langsung menyang tingkat masyarakat,” kandhane Ratri Wahyundari, Sustainability Manager sawijining perusahaan inuman segar ing Indonesia kasebut. (KoSin)

Pranyata Asu lan Kucing Mbebayani Tumrap Manungsa


Asu lan kucing mbebayani tumrap manungsa
Asu lan kucing mbebayani tumrap manungsa
Lapuran panaliten wis nemokake resiko mungguhing   manungsa saka tuwuhe penyakit marang kewan ingon-ingonane kang ndeder iku saiki pindhah mlebu menyang lingkungan omahe. Ing lapuran iku tinulis, manungsa bakal luwih nduweni risiko krana kewan ingon-ingone saya dadi perangan saka penguripan kita kabeh. Klebu bebarengan turu ing peturone.
Penyakite manungsa kang disebabake dening kewan bakal saya virulen. Kayadene rabies asu kang bisa mateni manungsa Afrika lan Asia setaune udakara ana wong 55.000.
Panaliten kang kapimpin dening Michael Day, profesor kedokteran hewan patologi ing Universitas Bris­ton iki wis dipacak ing jurnal Emerging Infectious Diseases. Dheweke mratelakake, asu lan kucing mujud­ake sumber utama kang bisa nularake penyakit kang bisa mateni manungsa. “Sanajan cacahe kewan ingon-ingon iku sethithik, nanging mbebayani ba­nget,” ujare.
Manut Day, ing negara maju, se­sambungan antarane manungsa karo asu apadene kucing rumaket banget. Iki satemene piweling global marang zoonosis penyakit yaiku nyebare penyakit saka kewan menyang ma­nungsa. Amrih obat lan vaksin enggal ditangkarake.
Sadurunge, ilmuwan nganggep parasit sing ditularake kucing bisa nyebabakeschizophrenia marang sing duwe kewan. Pa­naliten ing Leeds University nuduhake menawa parasit bisa mengaruhi prodhuksi dopamin, padha karo kimia sing nggawa pesen menyang uteg kanggo ngendhaleni obahe awak, kognitif lan paripolah, saengga nuwuhake dumadine schizophrenia lan gangguwan bipolar liyane.
Parasit iki nuwuhake infeksi uteg klawan wujud kista ing njero sel lan ngasilake enzim sing disebut tyrosine hydroxylase, kang diperlokake kanggo dopamin.
Schizophrenia mujudake gangguwan kang dumadi marang fungsi uteg. Sing nandhang lara iki tansah ngalami halusinasi utawa delusi, paripolahe ora tumata, lan paripolah katatonik (ekstrim).
Dene parasit Toxoplasma gondii  adate nyerang kucing, lan bisa nularake liwat teleke. Iku mujudake mikroba kang nyebabake toxo­plamosis. Ya iki kang dadi sebab geneya ibu ngandhut diajap su­paya ngendhani sesambungan karo telek kucing kasebut.
Wiwit taun 1920, dhokter wis nganggep menawa wanita kang ketaman infeksitoxoplasmosis sasuwene anggone ngan­dhut bisa nularake penyakit menyang calon bayi, sing akibate bisa nuwuhake pati.
Tumrap wong diwasa, penyakit iki memper karo gejala flu, yaiku parasit iki menet sistem kekebalane awak engga akhire sing lara tambah nemen larane klawan komplikasi kayadene encephalitis (radang otak).
Sawatara penyakit kang bisa ditularake asu antara liya campylobacter. Penyakit kang nyerang saluran pencernaan iki disebabake dening bakteri campylobacterjejuni. Bakteri iki ditularake dening kewan ingon-ingon klebu asu, kucing lan manuk liwat sesambungan langsung, kontaminasi banyu ngombe apadene memangan daging kang du­rung mateng tenanan.
Akibat sing muncul amarga cam­pylobacteriosis yaiku murus, nyeri lambung, lan yen wis nemen ing ta­taran tartamtu bisa ndadekake awak panas mriyang. Menawa murus-mu­rus terus, akibate bisa kentekan cairan.
Ana uga penyakit kulit. Jinis pe­nyakit kulit sing kerep ditularake dening asu yaikudermatophytosis utawa ringworm kang tinengeran  klawan anane dlemokan gatel mu­beng ing kulit. Sing dadi sebabe yaiku saweneh jamur kang nular liwat sesambungan langsung karo lumahing kulite asu kang wis ketaman infeksi.
Penyakit kulit liyane sing ditularake asu yaiku scabies sing disebabake dening tumane asu. Tuma iki bisa ndelik mlebu ngisore lumahing kulit lan ndadekake nyremumuh abang, kulit sisiken engga rontoge rambut apadene lumahing kulit liyane.
Penyakit sing disebabake dening infeksi cacing Toxocara canis iki dumadi ing saluran pencernakane asu lan endhoge bisa kegawa dening telek banjur ngregeti lemah. Yen kaisep utawa kolu dening manungsa, endhog iku bakal netes ing weteng banjur pindhah menyang perangane awak liyane.

Ing perangane kulit, larva cacing iki mung bakal nyebabake pisambat entheng kayadene nyremumuh lan gatel-gatel sanajan sok disartani adhem panas, watuk lan abuhe kelenjar limpa. Sabanjure, larva cacing iki bisa uga nggayuh marang ati lan mripat sarta njalari gangguwan marang gunane perangane awak kasebut. Mulane kita kudu ngati-ati yen duwe ingon-ingon bang­sane kucing,asu lan manuk.

Sabtu, 27 Desember 2014

Muga-muga Kabeh wae Bener lan Pener


Duwe bale-wisma sawijining kanugrahan
Jungkir walika
Sirah digawe sikil
Sikilr digawe sirah
Yen durung oleh nugraha-Ne, ora klakon.
Aja kendhat olehe ndedonga,
Mula bareng klakon, duwe papan panggonan
Mujia syukur mring kang paring nugraha
Apa bener, ta?
Omah iku minangka kraton
Kanggo sumene, kanggo ngiyub, aja nganti kepanasan apa maneh kodanan
Mula kudu diopeni sarta digemateni
Kareben krasan betah nyang omah
Supaya ora kesaput angin mawa wisa.
Apa bener, ta?
Papan panggonan iku
Minangka papan panggulawenthah. Nyang putra, nyang kulawarga
Babagan karakter (jujur, welas asih sapadha-padha, sopan lan wasis)
Kaya kang diwejangake para Nabi
Yen kena bakal kerasukan kanisthan
Sawangen ing njaba omah, kebak sesawangan tawuran, regejegan
Apa bener, ta?
Muga-muga wae kabeh bener lan pener


SERAT WULANGREH

PUPUH III
G A M B U H

01
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kelantur, tanpa tutur katula-tula
katali, kadaluwarsa katutuh kapatuh pan dadi awon.

02
Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti
tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.

03
Pitutur bener iku, sayektine kang iku tiniru, nadyan melu saking wong sudra
papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira anggo.

04
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang, kidang adigung pinasti,
adiguna ula iku, telu pisan mati samyoh.

05
Sikidang umbagipun, angendelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angendelken
gung ainggil, ula ngendelaken iku, mandine kalamun nyakot.

06
Iku upamanipun, aja ngendelaken sira iku, tukang Nata iya sapa kumawani, iku
ambeke wong digung, ing wasana dadi asor.

07
Ambek digang puniku, angungasaken kasuranipun, para tantang candala
anyenyampahi, tinemenan boya purun, satemah dadi geguyon.

08
Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh
ngatiati, den kawang-kawang barang laku, den waskitha solahing wong.

09
Dening tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula
ing patinipun, ngedelken upase mandos.

10
Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi,
bungah akeh wong kang ngunggung, wekasane kajalomprong.

11
Kumprung wong pengung bingung, wekasane lali nora eling, yen den gunggung
katone muncu-muncu, wong pengung saya dadi, kaya wudun meh mencothot.

12
Ing wong kang anggunggung, mung sepele iku pamrihipun, mung warege
wadhuke klimising lathi, lan telese gondhangipun, rerubo alaning uwong.

13
Amrih wareke iku, yen wus warek gawe nuli gawe umuk, kang wong akeh kang
sinuprih padha wedi, amasti tanpa pisungsung, adol sanggap sakehing wong.

14
Yen wong mangkono iku, nora pantes pedhak lan wong agung, nora wurung
anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedhoplok.

15
Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk, tutur nempil panganggepe
wruh pribadi, pangrasane keh wong nggunggung, kang wus weruh amelengos.

16
Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora wurung cinirenen den
titeni, mring pawong sanak kang weruh, nora nana kang pitados.

Pangajap

http://www.panjebarsemangat.co.id/pangajap

Wis kadhung dakprepegi
Tumandang reh gegrayang
Ndhedher ajining jiwa rineksa
Ing tlatah pategaran
Kanthi pandulu
Ngeja kumelaning kukus dupa
Ana daya gumreget
Awit ing kana tinemu rasa
Ing kedhung banyu isih megung
Nglarah papaning kayuwanan
Mrepegi lampah tan baen-baen
Ngudi kinabul wenganing tawang
Ngambali rerangken lekasing laku
Sarta kang kinosekan katresnan
Ngrungkepi sabaya kewuh
Lepas saka panduwa lan panyakrabawa
Mengko samangsa pupus wis ngerak
Kalamangsane kudu angon wektu
Wis ora wayahe ngrenda crita lamba

Dina iki bali kaya wingi uni

Wengi Sepi


Kodhok ngorek ing tengah wengi
Mahanani getering ati
Wengi sepi ing perenging giri
Ijen tanpa kanthi
Ati iki nglangut tanpa tepi
Ah, sayektine aku nora sawiji
Ana Gusti kang tansah anjampangi
Nalika sholat Tahajud ing wengi suci
Mung pasrah sumarah kabeh pepesthi
Dak bukak lembaraning urip ing mangsa kawuri
Kebak dosa kang wus dak lakoni
Nanging aku manungsa lumrah
Tan kalis ing luput lan salah
Muga Gusti paring berkah
Kersa nampi anggonku ngibadah

Tumuju dalan kang mutma’inah

Sing Nyata lan Sing Ngayawara


Manuk dhandhang menclok wuwung karo nggandhang
Ngobral tembang Maskumambang
Manuk bence colat-colot mbale mbale
nggawa crita ora karuwan jluntrunge
Manuk gagak gaok-gaok menclok cagak
adol unthuk ngomong ladak
jarene ana clurut kesrondhol bajul mangkak
Manuk prenjak ngguya-ngguyu jingklak-jingklak
ider oplosan legen karo tuwak
Jarene manuk dara kang neba ana ara-ara
ana preman ngejawantah jejer punggawa negara
duwe kadigdayan bisa nguras segara
Ora kaya si manuk jalak, adol aksi meh klenggak
lungguh jegang nantang-nantang
heee…sapa sira sapa ingsun????
Aku iki duwe aji-aji idu geni…
Dak semprotna, kabeh kang dak jangka dadi…”
Ana tembang rawat-rawat
sing ati-ati donyane meh kiyamat
tasbeh mung gumlethak ora kerumat
iku kabeh tandha bukti
kang soleh koncatan pakarti
Iku kabeh nyata apa ngayawara
ora percaya sumangga kersa…

Samudana


Lagi wae sedhan kinclong warna abang mbranang kuwi nggremet tekan prapatan, dumadakan ke­prungu pating gedebug sikile wong-wong menganggo klambi sarwa ireng. Kaping sepisan krungu swara jumedhuge tuge­lan kayu trembesi ditibakake ngalang-alangi playune sedhan. Wong-wong ku­wi banjur ndhondhogi kaca sedan kanthi kasar. Saking kagete, Pak Surasa sing ana njero mobil  ngerim ndadak. Raine pucet kaya kasatan getih. Durung ilang rasa kagete, wong-wong sing briga-brigi kuwi nyoba mecah kaca sedhan saka njaba.
Lagi wae Pak Surasa arep mbengok njaluk tulung, kedhisikan lambene wis dibungkem tangan kukuh sing kasil nyongkel lawang sedhane.  Lawang se­dhan dibukak kasar. Pak Surasa disendhal metu saka kemudhi banjur dilarak-larak ing petenge wengi. Swara jangkrik ke­pru­ngu maneh nututi sepine wengi ning­galake sedhan kinclong werna abang sing lawange isih menga.
Esuke Rebo bakul mie ayam kang arep kulak sayuran menyang pasar bengok-bengok nggugah tangga tang­gane, “Pak Surasa diculik…!!! Pak Surasa diculik…!!!” Ora nganti limang menit tangga teparone wis padha nglumpuk ana kono. Swarane gemrenggeng kaya tawon antri mlebu glodhogan. Kabeh padha kepengin ngertakne ana kedade­yan apa.
Pulisi padha teka mbatesi sedhan nganggo garis loreng kuning ireng, ngumpulake barang sing bisa dikumpul­ake karo nakoni wong-wong sing ana kono mbok menawa meruhi penculikan mau bengi. Sawise oleh titikan, pulisi banjur ngumpulake wong-wong ing ko­no saperlu dijaluki keterangan bab ilange Pak Surasa.
Jaya sumpel, Karso Cepuk, Pawira Singkat lan Rebo diunggahake pikep di­gawa menyang kantor pulisi.
Lagi wae Pak Surasa kepengin mbengok kedhisikan lambene wis kebungkem
Lagi wae Pak Surasa kepengin mbengok kedhisikan lambene wis kebungkem
“Piye mungguh panemumu ngenani sipate Pak Surasa kuwi?” pitakone intel menyang Karso Cepuk sawise tekan kan­tor.
“Ya nek kanggoku blak kotang bae, ora nyenengake. Atase wong neneka mestine duwe suba sita karo tangga te­paro. Apa dupeh dheweke sugih, omahe magrong-magrong, duwe sedhan terus isa sak karepe dhewe? Apa maneh wis bola-bali digiyarake ana TV regional ma­nawa dheweke dadi tersangka korupsi sawijining proyek. Nek wong sing wis cetha korupsi kaya Surasa kuwi  ora ndang diproses dening aparat, apa luput menawa ana wong liya sing mutusi dhe­we?”

Intel kuwi mandeng Karso Cepuk se­dhela banjur……..

SERAT WULANGREH

PUPUH II
K I N A N T H I

01
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

02
Dadiya lakuniraku, cegah dhahar lawan guling, lawan ojo sukan-sukan,
anganggowa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.

03
Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja nyelakaken wong ala,
kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak satemah anenulari.

04
Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih cerita, kang dadi misil,
yen pantes raketana, darapon mundhak kang budi.

05
Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep
akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora
wurung dadi maling.

06
Sanadyan nora melu, pasti wruh lakuning maling, kaya mangkono sabarang,
panggawe ala puniki, sok weruha gelis bisa, yeku panuntuning iblis.

07
Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung linakwan,
aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mufa’ati badanneki.

08
Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor dipun bucal,
unbag gumunggung ing dhiri, obrol umuk kang den gulang, kumenthus lengus
kumaki.

09
Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lambanging waong ala, nomnoman
adoh wong becik, emoh angrungu carita, kang ala miwah kang becik.

10
Cerita kang wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener lan becik, tindak
bener lan kang salah, kalebu jro caritareki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den
kawruhi.

11
Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang
sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.

12
Ingkang becik kojahipun, sira anggawa kang remit, ingkang ala singgahana, aja
niat anglakoni, lan den awas wong kang kojah, ing lair masa puniki.

13
Akeh wong kang bisa muwus, nanging den sampar pakolih, amung badane
priyangga, kang den pakolihaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo
sawatawis.

14
Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana amemedha, angrasa
pinter ngluwihi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes dipun cedhaki.

15
Singakna den kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen open nora layak,
yen sira sadhinga linggih, nora wurung katularan, becik singkiorana kaki.

16
Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lan den wedi mring wong
tuwa, ing lair prapto ing batin, saunine den estokna, ywa nambuh wulang kang
becik.

Kamis, 25 Desember 2014

KESENIAN COWONG

DESA MAWA CARA NEGARA MAWA TATA mungkin itulah kata-kata atau Istilah yang cocok untuk di terapkan dalam menyikapi perbedaan antara Desa yang satu dengan Desa yang lainya di skitar Wilayah Karsidenan Banyumas Jawa Tenggah,seperti contoh di Desa Ayamalas Kecamatan Kroya Kabupaten Cilacap ini pada setiap Musim kemarau mulai tiba maka para Sesepuh Desa yang Hoby dengan kesenian langsung mengadakan kesenian yang di Sebut Cowong.
Cowong yaitu sebuah Kesenian yang menyerupai Boneka terbuat dari Batok kelapa dan bambu di dandani menyerupai seorang Putri dari kerajaan,permainan Cowong ini hanya dilaksanakan setiap musim kemarau saja serta Kesenian Cowong ini tidak pernah di tanggap atau di sewa oleh orang yang mempunyai Hajatan karena kesenian Cowong ini dilakukan untuk meminta hujan pada sang Kholik.
Kesenian Cowong ini Aneh dan Unik tapi sangat menyenangkan krn hampir seluruh Masyarakat menonton kesenian ini bahkan ada pengunjung yang dari luar Desa ikut meramaikanya,kesenian Cowong ini biasanya di laksanakan pada setiap musim kemarau sudah mau selesai tp belum ada tandan-tanda hujan mau turun Konon masyarakat Desa menyebutnya Cowong sebagai Hiburan utk meminta hujan pada sang Maha Kuasa.
Sebelum hiburan Cowong di mulai para Pemain Cowong melaksanakan Sowan atau meminta ijin pada tempat-tempat yang di anggap kramat oleh Masyarat Desa agar tidak terjadi masalah dan segera di turunkan hujan dari langit (memang itu hanya mitos percaya atau tidak terserah pada para pembaca),setelah melaksanakan Sowan para pemain baru berkumpul di tempat dimana akan dilaksanakan hiburan Cowong tersebut.
Para pemain Cowong sudah berkumpul di antaranya beberapa orang penabuh gamelan,Sinden/penyanyi untuk mengiringi permainan Cowong dan tidak kalah pentingnya para pemain inti untuk memainkan Cowong tersebut yang di ikuti 4 sampai dengan 6 orang serta beberapa alat seperti Tangga dan sesajenan dimana nanti di gunakan oleh para Pemain Cowong saat sudah kesurupan (mendem red).
Kesenian Cowong segera dimulai karena karena semua para Pemain dan Pendukung sudah berkumpul para Penabuh gamelan mengerjakan tugasnya sesui lagu-lagu yang di nyanyikan oleh sang Sinden sedangkan para Pemain melaksanakan Aksinya dengan mengankat sebuah seperti Boneka yang terbuat dari batok kelapa dan bambu serta di Hiasi dan di dandani dengan pakaian seperti Putri kerajaan,nyanyian lagu-lagu Islami dan suara gamelan terus terdengar dengan merdu mengikuti langkah para Pemain Cowong tersebut keanehan pun mulai yaitu para pemain mulai Kesurupan atau mendem mulai dari yang lucu hinga yang seram (memakan ayam yang masih hidup).
Kesenian Cowong ini biasanya dilaksanakan selama satu minggu berturut-turut dan pada malam terahir kesenian Cowong ini dilaksanakan maka para pemain dan seluruh pendukung akan mengelilinggi Kampung dari rumah-kerumah utk meminta sumbangan seiklasnya untuk menganti biaya pelaksanaan kesenian Cowong tersebut,Aneh dan tidak masuk akal tapi itulah yang terjadi entah memang sudah waktunya Hujan ataukah Akibat dari kesenian Cowong ini dilaksanakan untuk meminta hujan tapi pada kenyataanya Kesenian Cowong selesai dilaksanakan langsung terjadi mulai turun hujan.
Begitulah cara Warga Masyarakat Desa Ayamalas Kecamatan Kroya Kabupaten cilacap menyikapi setiap datangya musim kemarau dengan melaksanakan Kesenian yang Konon sudah turun temurun dari Nenek Moyang Desa Ayamalas.


http://elingmas.blogspot.com/2010_06_01_archive.html