Jumat, 28 November 2014

Angele Dadi Satrya


Jare satriya kuwi…
ora wedi kelangan sandhangan
sabab sandhangane satriya mung iman
jare satriya kuwi ora lumuh
amarga satriya kudu kuwat
Apa iya satriya kuwi kudu mangkono?
kok ya angel lakune dadi satriya
Najan iman wis kandel
kelangan sandhangan isih isin
merga katon wadine
Najan dikuwat-kuwatake
ing samubarang gawe
isih wae nglokro
merga kere
Satriya apa kudu sugih bandha?
ya mesthine merga bisa pamer mrana-mrene
satriya apa kudu putra pejabat?
ya mesthine merga jare kuwat
… kuwat anggone nindhes rakyat?

Ndongeng lan Didongengi, Ngundhakake Pamikiran Kritis lan Wasis

 Jaman biyen, ibu utawa bapak ndongengi anake iku bab kang lumrah. Adate ing wayah wengi sadurunge gegantilaning ati bobok. Nanging saiki bab kasebut kaya wis luntur. Kena die¬tung, wong tuwa kang tansah ndongengi putra-putrine sadurunge lerem mlebu ing donyaning impen.
Kamangka ndongengi anak mono ge¬dhe mupangate. Hya pancen jaman saiki wong tuwa akeh kang banget sibuke, makarya nganti ngancik wengi. Mula sok dadi pepalang kanggo nglodhangake wektu ndongengi anak. Nanging aja lali, kegiyatan kasebut, sanadyan mung pi¬rang menit, bisa nuwuhake perkemba¬ngan psikologis dalah sensorik tumrap generasi penerus kita.
Miturut Psikolog Anak dan Keluarga Nessi Purnomo, Psi, ndongengi bocah bi¬sa ngundhakake daya imajinasi. “Sa¬perangan anak sok dolanan, ngomong dhewe nanging kaya lagi caturan karo kancane. Iku kanca imajiner,” kandhane Nessi. Kanthi sregep ndongengi, wong tuwa bisa mangerteni kaya ngapa ima¬jinasine anak. Banjur alon-alon melu uta¬wa nimbrung kanthi srana dongeng. Mu¬la banjur ora kangelan ngarahake imaji¬nasine anak marang bab-bab kang becik.

Kejaba saka kuwi, anak kang ngru¬ngokake dongenge ibu utawa bapak, bisa kajurung trampil bab basa. Lire, bocah wiwit cilik kulina krungu maneka warna tembung lan ukara. Kumpulane tembung (kosakata) kang sumimpen ing pamikir-ane sansaya akeh. “Kanthi cara iki, wong tuwa bisa nglatih am¬rih bocah prigel milih tembung kang trep nalika pacelathon lan ngemu unggah-ung¬guh,” jlentrehe Nessi.
Yen kabeneran bisa milih crita kang narik kawigatene, uga bisa ngundhakake konsentrasi lan pami¬kiran kritise bocah. “Banjur bisa kaun¬dhakake maneh kan¬thi njaluk bocah nyri¬takake bab kang neng¬semake atine sa¬ka dongeng kase¬but,” ujare lulusan Fakultas Psikologi Universitas Gadjah Mada kasebut. Yen wektune longgar, ibu lan bapak uga bisa ngajari supaya anake genti ndongengake crita kasebut marang adhine uta¬wa kancane.
Kanggo bocah kang udakara umur telung taun, wiwit bisa didongengi kanthi srana maca buku. Milih bu¬ku crita kang ana gambare merak ati, saengga njalari anak kepranan. “Ya ing wektu kuwi, wong tuwa bisa wiwit ngenalake anane huruf, tembung, ukara. Pancen anak durung bisa maca, nanging wis ngerti yen ana perangan kasebut ing donyane,” ibu peputra loro iku ngandharake. Alon-alon, kegiyatan kasebut bisa nuwuhake kareman maca mungguhing anak.

Isine dongeng uga kudu digatekake. Ibu utawa bapak bisa milih crita kang selaras karo karakter kang kepengin di¬tuwuhake. Upamane kepengin ngajari anak eman marang barang-barang du¬weke, kaya dene dolanane. Miliha do¬ngeng kang isine trep. Uga bisa nganggo srana tambahan kang nyengkuyung, kaya dene boneka.
Jaman saiki wujud boneka wis saya maneka warna. Ora mung kanggo dolanan, piranti iki uga kena kanggo srana ngre¬sepake sarining carita. Ana boneka wujud bayi, kang saemper bayi temenan, boneka wujud kewan, lan liya-liyane.
Yen anak wis tambah gedhe, apa maneh wiwit mlebu sekolah, wong tuwa bisa nyengkuyung amrih bocah wani ndongeng ing ngarepe kanca-kancane. Bisa karo maca, yen wis bisa. Utawa ma¬lah tanpa maca lan manganggo piranti paraga.
“Kanggone guru, nglatih murid-murid TK main drama utawa sandiwara uga bisa ngundhakake kawasisan bocah bab basa lan tutur,” imbuhe Nessi kang saiki pidalem ing Jakarta kasebut. (nana)


http://www.panjebarsemangat.co.id/ndongeng-lan-didongengi-ngundhakake-pamikiran-kritis-lan-wasis

Ayat-ayat Gusti Allah



Nalika bun wayah esuk tumetes
Mung suket, godhong lan kewan gegremetan kang atur syukur
Manungsa wus kadhung ndengangak ngukur bantala
Ngetung etung isine gelaring jagad kang semrawut
Kabuntel nalar kang kebak paeka
Ah…wus dudu bun kang tumiba
Nanging banjir bandhang ngebaki ratan lan kali
Ayat ayating Gusti Allah kang teka…?
Nggawa banten kang tanpa kanyana-nyana…
Amarga saka pokale wingi uni kang lagi lali
Yen ta kabeh mau ijih ana kang kagungan karya
Aja dha sembrana midak bantala tanpa cecala
Ngawiyat ya mung dha golek suka…ah
Kapan ati iki kober ngukur dosa…?
Nalika para wikan lan winasis kandha… yen ta donya iki wus kari sagegeming asta
Tandha tandha kiyamat kang bakal teka…
Ayo ndang ngudi salira lan jiwa… sujud kanthi ati tumenga…
Nedya ndandani tumindak kang duraka…najan kari umur kang sisa…