Sabtu, 13 Desember 2014

Pacarku mangan kancaku



                Matahari mencorong saka arah wetan kang mertandakake yen aku kudu wayahe tangi. Aku Anis, nalika pertama aku mlebu kuliah ing Universitas swasta kang ana ing kuta Jogjakarta nganti saiki aku durung duweni kenalan cowok kang cocok ing atiku. Dadi ya nak lunga-lunga mlaku, nanging ya aku isih duweni kanca kang gelem di jak lunga-lunga. Kancaku iki jenenge Zakia, wonge kocak banget. Aku lan Zakia iki wis kancanan awit saka SMA ngnti saiki.
Ora nyangka yen ana nomer nyasar 2 dina kepungkur kang wiwiti cerita iki. Awale Bagus ngirim sms marang aku, aku nanggepine ya biasa wae. Pancen aku iki wonge ya cuek banget. Si Bagus mau sms aku “gelem dijemput apa ora nis? Gelem ya, sekalian ketemu nis”. Terus aku balesi smse Bagus, ngene “iya, iki aku lagi ana ing bis bar mudik”. Batinku “lumayan oleh ojek gratis”.
Nalika aku mudun saka bis, aku ingung golekki Bagus, amarga iki lagi pertama ketemuan. Lan ing seberang dalan kana aku delok ana wong kang lagi nunggu. Aku mikir yen iku Bagus. “ Anis...” wonge nekani aku. “iya, apa kowe sing jenenge Bagus”. Terus si Bagus mau ngajak salaman, terus aku diterke bagus marang kosanku. “matur nuwun ya gus wis jemput lan ngaterake aku”. Bagus njawab “ iya padha-padha nis, menawa kowe ana butuh aja sungkan hubungi aku wae nis”.
                Terus si Bagus mau bali. Nanging aku taksih kebayang-bayang karo bagus, wonge apikan, kepenak diajak ngomong, lucu lan aku nrasakake nyaman karo Bagus. “kenapa kowe kok ngguya-ngguyu dhewe ngono kaya wong kesambet” ujare Zakia. “eh, kowe ngagetke aku wae”.
Terus aku lunga menyang kamarku. Sak minggu katekan aku dijak nonton karo Bagus. Sakwise nonton aku lan Bagus manga, jalan-jalan muteri alun-alun. Lan ing kana Bagus ngomong seneng  lan sayang marang aku. Terus aku karo Bagus jadian. Aku duweni rencana kanggo nyomblangi Zakia karo sepupune Bagus, Herman jenenge. 2 dina katekan Zakia lan Herman pacaran, iku tandane aku wis berhasil dadi mak comblang.
“sesuk mudik apa ora nis?” pitakone Zakia.
“durung ngerti sesuk Zak, ana apa ta?”                                                                        
“nak sesuk mudik ya bareng, aku meh di terke Herman mengko kowe karo Bagus nis”
Terus aku setuju karo Zakia yen sesuk mudik.
Aku lan Zakia diterke Bagus lan Herman maenyang terminal kang biasane nunggu bis. Sak tekane terminal, si Bagus sibuk banget ngobrol karo Zakia, aku lan Herman dicueki. Nang aku ora ngrasa curiga karo sahabatku iki mergane sahabatku iki terbuka karo aku.
Sawektu ana ing ommah, Zakia ngomong karo aku yen wis putus karo Herma. Alesane Herman mutusake Zakia kuwi Herman wis duweni pacar. Aku nyesel wis ngenalke Zakia karo Herman.
Zakia aweh ngerti marang aku yen Bagus sms marang Zakia sing isie ngene “ I LOVE YOU”. Lan awit kedadeyan iku aku mutuake hubunganku karo Bagus, aku ngrasa yen Bagus ora tenanan sayang karo aku. Buktine Bagus taksih ngliriksahabatku sawektu isih duweni status pacaran karo aku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar