Jarene mbah
brintik
Ing cerita iki ana tokoh jenenge
dul, dul iku dudha pensiunan sing lagi golek jodho. Pas lagi mlaku-mlaku ketemu
kancane sing jenenge sodrun. Sodrun aweh pituduh marang si dul supaya teka
marang omahe lik nolik kon nulungi golek jodho. Terus si dul teka marang omahe
lik nolik. Lik nolik menika gaweyane makelaran lan buruh gadhe. Sawise tekan
omahe lik nolik si dul langsung ngomong tujuane mrana.
Lik nolik nawarke wong wedok marang
si dul, nanging taripe dhuwur. Si dul mau mikir yen lik nolik iku wonge
matrealistis. Nanging si dul durung mundur lan tetep nakoni marang lik nolik.
Lik nolik nuduhi yen aa randha teles omahe ana ing burine omahe lik nolik.
Kebeneran wonge teka marang omahe lik nolik jaluk jangan. Si dul mau weruh yen
wong wedokke isih enom rupane menceret nanging sandhangane kembloh, si dul iki
ora gelem karo wong wedok mau. Si dul taksih kepengin golek sing liyane.
Si dul mau diceritani sodrun,
jarewne nang omahe lik nolik ana wong wedok sing ayu,ijih enom lan lagi golek
jodho. Dadi si dul jaluk dikenalke marang lik nolik. Pancen wonge hebat, ayu
lan pinter. Nanging, Sudah laku..... tinimbang wirang si dul langsung jaluk
pamit mulih.
Si dul mau
keligan karo omongane mbah brintik “yen wis simbah golek bojo maneh ki kudu
wani ngadhepitantangan kang ora enteng” lan si dul duweni pikiran arep nglamar
mbah brintik wae nanging durung klakon nglamar mbah brintik wis kedhisikan ana
sing nglamar. Si dul mau mung mlongo, ngowo lan umik-umik “WAH...SUDAH
LAKU.......”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar