Jumat, 12 Desember 2014

RANGKUMAN ARTIKEL BERJUDUL BASA JAWA ING SURINAME SAIKI KENENG KANGGO GOLEK PANGURIPAN




            Basa jawa ing suriname saiki keneng kanggo golek panguripan. Yen basa jawa ing suriname wis bisa digawe golek sandhang lan pangan. Menawa bab perkarane unggah-ungguh, tatacara lan sakpituruteya isih akeh klirune.
Kanggo gawe tukar  pikiran bab tata, tunggal lan standarisasi penganggone basa jawa, KBRI-paramaribo makarya bebarengan karo suriname-indonesia friendship Association (SIFA),stichting voor de javaanse taal in suriname(JATAS), Veregening Herdenking javaanse Immigrate(VHJI) lan social-culturel-Sport Vereniging Indramaju ngadani seminar internasional basa jawa.
            Wis ana 115 taun suwine basa jawa digawe basane turunan. Tanpa sekolah lan tanpa guru, mlorot basane unggah-ungguh, nanging isih dilestarikake dening turunan jawa ing suriname.
Miturut laporan saka kantoran”Algemeen Bureau Voor De Stastiek” bab anggone nganakake cacah jiwa. Negara suriname malih nduweni warga 492.829. 1.Bangsa hindustan 2.Bangsa kreol 3.Bangsa marrons 4.Bangsa jawa. Maune bangsa jawa ana nang nomer 3lah saiki malah dadi nang nomer 4.
Ing wektune taun2005 ana sakwijine yayasan kang dijumenengake dening bapak Anton sisal kebantu dening bapak Johan Surmo, kang aran “stichting voor De Javaanse taal in suriname” kecekak jatas. Tujuane kanggo mbangun, nguri-uri lan nglestarekake basa jawa ing suriname.
            Saiki wis ana kenyataane yen basa jawa ing suriname keneng digawe panguripan. Digandhengake karo jumedhule Radio Garuda ing taun 1995 kuwi basa jawa liwat sangka  radio ora nate leren, ya terus-terusan wae anggone digawe tetembungan dening para penyiar. Para penyiar radio supayane bisa kawentar lan bisa keanggep dening masyarakat ya padha budidaya anggone golek lan gawe tembung nganti padha ngawur anggone tetembungan. Jalaran kuwi bakal ditiru dening para pamiyarsa. Ulane dadi penyiar kuwi kudu setiti ngati-ati anggone tetmbungan. Bisa keanggep ing suriname yen para penyiar iki mau dadi gurune para pamiarsa. Solah tingkahe lan tindak-tanduke bakal ditiru lan dienggo. Mulane para penyiar sing trampil basane lan iramane suwara luwih apik, kuwi sing bakal digunggung lan disenengi dening para pamiarsa. Sayange durung ana sekolahan kanggo nggladhi para penyiar. Yen dadi penyiar ora mung dilem utawa digunggung, uga nampa sulayan akeh. Senajan dicatur lan digunem perlu ora mundur, nanging malah sregep golek penjelasan, supayane bisa tepang karo kahanan apa wae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar