Bab tata
cara panganten Jawi kados ingkang lumampah ing tlatah Surakarta utawi ing
Ngayogyakarta, asring minangka pathokan tumrap lumampahing tatacara panganten
adat Jawi ing pundi papan. Upacara panganten kanthi adat Jawi punika engga
sapriki taksih kathah katindaken. Inggih punika ing kitha-kitha ageng, utawi
ing papan-papan tebih ingkang kathah dipunpanggeni tiyang Jawi. Para priyantun
Jawi ingkang mukim ing nagari manca, ugi kathah ingkang nindakaken tatacara
palakrama kanthi adat Jawi makaten wau. Malah wonten ingkang ngantos
ndhatengaken juru paes saking tanah Jawi, komplit kalihan juru cucuk lampah.
Nanging ingkang perlu kawuningan, sajatosipun
nindakaken palakrama kanthi tatacara Jawi punika gumantung dhumateng tiyang
ingkang gadhah hajad piyambak. Manawi ingkang kagungan hajad punika priyantun
brewu mlekethu, temtu wedharing tata cara penganten saged katindakaken kanthi
jangkep, sae, sarta ageng. Nanging kagem priyantun ingkang kagolong kirang
mampu, tumapaking tata cara penganten padatanipun inggih namung kalampahan
sacara prasaja sarta miturut kabetahan kemawon.
Wondene bab tatacara adat panganten Jawi ingkang badhe
kaandharaken punika, lelandhesan saking kepekan sarta seratanipun bapak Winarno
Wiromidjojo, priyantun winasis ingkang lebda ing bab kabudayan sarta kagunan
Jawi, ingkang lenggah ing kitha Surakarta. Ugi katambah saking katranganipun
ibu Ruminah Wiromidjojo ingkang pidalem ing Ngayogyakarta. Ing sawatawis wekdal
kapengker, bapak Winarno Wiromidjojo nate sesorah babagan tatacara perkawinan
Jawi ing Kantor Proyek Javanologi Yogyakarta.
Lelampahan
Saderengipun Palakrama
Bab-bab umum ingkang kedah kalampahan saderengipun
nindakaken palakrama, inggih punika sasampunipun wonten rembag antawisipun
pehak calon penganten kakung kalawan pehak calon penganten putri. Kekalihipun
sampun sami sarujuk badhe gesang bebrayan pinangka salaki rabi. Pramila lajeng
katetepaken benjing punapa wekdalipun (dinten “D” nipun) kangge palakrama.
Kangge kabetahan punika lajeng kabentuk panitia
ingkang nggadahi warni-warni jejibahan. Kadosta:
– Pinangka atur palapuran kangge urusan surat ijin
nikah (dhumateng RT, RW, dhukuh, lurah, camat), KUA (Kantor Urusan Agama),
Gereja utawi Kantor Catatan Sipil.
– Ngrembag bab nawala ulem (undhangan) prakawis
gedhung, pengeras suara, dokumentasi, jurupaes, among tamu, MC/panatacara,
hiburan, pasegahan, lsp.
– Ngrembag bab kabetahan adat, kadosta wilujengan,
pasang tarub, damel sekarmayang, sesaji, lan sanesipun.
– Matah tetiyang ingkang pinangka tetuwangganipun
adicara (padatanipun pinisepuh, utawi Ketua RT/RW), sarta tetiyang ingkang
kajibah atur pambagya, atur panampi, lsp.
– Malah tetiyang ingkang badhe paring pambimbing
dhateng calon panganten, sarta tetiyang ingkang ngawat-awati rancanging
dhaharan, urusan tampi sumbangun, urusan pangintunan nawala ulem, pembantu
umum, lsp.
Upacara Jonggolan
Ngancik pitung dinten saking dinten “D” kawontenaken
Upacara Jonggolan. Ing mriku, saweneh petugas KUA rawuh ing daleminipun tiyang
sepuh calon penganten putri, saperlu nanjihaken dhumateng calon penganten putri
lan calon penganten kakung, punapa kekalihipun saestu badhe sagah nindakaken
palakrama kanthi tanpa pineksa. Pinangka seksi, wakil saking keluarga calon
penganten puti-kakung.
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”, wiwit damel
sesajen sarta wilujengan. Padatan ing Kraton Surakarta, caos sesaji ing
Sitihinggil Kraton Surakarta kagem Nyai Setomi (mriyem), Kyai Surak (gong),
sarta Kyai Sala (ingkang cikalbakal kitha Solo). Ugi mundhut pasir ing sakidul
Bangsal Witana, pados ron waringin lumah-kureb ing sangandhap waringin kurung
Kyai Jayandaru lan Kyai Dewandaru ing Alun-alun Ler, sarta mundhut toya
tempuran lepen Bengawan Solo. Menggah ing Kraton Ngayogyakarta, kanthi caos
sesaji ing Pasarean Kutha Gedhe sarta Imagiri.
Salajengipun nuli samekta sesaji kangge ing petanen
sarta pendaringan. Petanen inggih punika senthong (kamar) ingkang bakal kangge
papan pagulingan panganten, dene pedaringan inggih punika papan kangge nyimpen
uwos.
Pasang Tarub
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”, wiwit
kaayahan pasang tarub. Lajeng sadinten saderengipun dinten “D”, ing
kanan-kering tarub ngajeng kori nuli kapajang rerenggan mawarnai tetuwuhan,
dumados saking: Setunggal tandhan pisang raja ingkang meh mateng (kalih uwit),
tebu Arjuna sapasang, cengkir gadhing tuwin cengkir legi sarakit, pantun
sagedheng kabage kalih, otek sagedheng kabage kalih, sarta mawarni ron-ronan
(kluwih apa-apa, alang-alang, kara, maja, girang, kemuning).
Tetuwuhan kasebat kapasang kukuh ing cagak, nyawiji
kalihan gedebog pisang raja. Tebu Arjuna kapasang jejeg, sangandhapipun
kapasang cengkir gadhing lan cengkir legi. Sadaya wau gumantung kalihan janggan
tandhan pisangipun. Dene ron kluwih pendhak tigang lembar kapasang ing gedebog
pisang, sangandhap cengkir gadhing lan cengkir legi. Sangandhap ron kluwih
kapasang rerangkenan pantun sarta otek sapalih gedheg ingkang rinengga ngupengi
gedebog pisang. Sangandhapipun kasusul rerangken ron apa-apa, alang-alan, kara,
maja, girang, kemuning (sadaya wau katindakaken kanthi sae dening piyantun
mirunggan ingkang saestu kuwagang. Satemah ngasilaken rerenggan ingkang asri,
maujud dados rerangkenan ingkang ceples menggahing tradhisi tarub pengaten
Jawi).
Sesajen kanggo tarub lan tetuwuhan dumadi: sekul lulut
(pulen) 2 ambeg, sekul wudhuk (gurih) 2 ambeg, sekul asahan (basahan) 2 ambeg,
sekul golong 22 glindhing, jajan pasar (dhawet, rujak, pecel ayam, jangan
menir, ulam ayam lembaran (saking jago pethak), jenang (abang putih, baning,
baro-baro), jangkong, inthil katul, pisang, pisang ayu, suruh ayu, abon, jambe,
gambir, mbako, injet.
Sesajen ingkang katanem, dumados saking empluk kaisenan
tigan ayam 3, gereh pethek, kacang ijem, kedhele, kemiri, gepal jendhul, gantal
(suruh ingkang kalinting lan lebetipun kaisi apu/injet sarta katangsulan).
Nanemipun ing sangandhap petanen, sangajeng kori tengah, sangajeng pawon, sarta
ing margi prasekawan. Nanging boten katanem inggih boten punapa, cekap
kaselehaken kemawon. Menggah ujubipun kapasrahaken kaum.
Damel Sekar mayang
Sekar mayang utawi kembang mayang ugi minangka
kalengkapaning palakrama. Kadamel dening saweneh piyantun sepuh ingkang estu lebda
ing karya, kabiyantu dening para kaneman. Kangge damel sekar mayang kabetahaken
ubarampe serta bebakal (bahan-bahan), kadosta: Kecohan (paidon) ageng cacah
kalih, gedebog lan sindur gula klapa panjang kalih kilan cacah 2, janur kuning
sekawan papah ingkang wetah, ron-ronan (girang, kemuning, waringin) ingkang
kathah kapendhet sami gagang sarta epangipun, who nanas ingkang sampun mateng
sajambulipun cacah 2, sujen deling ingkang kandel panjang tigang kilan cacah 2,
sekar (mlathi, kanthil, sarta sekar sanesipun ingkang kapanggalih sae), dom
bundhel lan dom bolah sacekap, degan cacah 2 kaparas (keceripun katilar).
Dene ingkang kedah sampun kadamel utawi ingkang sampun
sumadiya langkung rumiyin, inggih punika rerangken janur ingkang kadamel
wawangunan maneka warni, kados keris-keris, manuk-manukan, uler-uleran, sarta
conthongan sacekapipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar