
Kabar lelayu esuk iku ngelingake aku marang lelakon kepungkur, sabab sing seda iku wong sing banget tumabet ing engetanku. Jenene Lestari, umur 69 taun. Jaman semana Lestari iku dadi kekembange bocah sepuran, yaiku bocah-bocah sekolah sing padha nglaju numpak sepur menyang Sala utawa Yogya. Bocahe pancen ayu tur kenes. Cara wayange ngono kaya Dewi Banowati. Akeh bocah lanang sing kedanan marang dheweke.
Ing antarane bocah akeh sing padha kepencut mau, sing oleh tanggapan saka Lestari mung loro, yaiku aku lan Tarso. Jane aku ki ora bagus, ning kondhang pinter. Lestari kerep pating glenik karo aku ing stasiun, merga dheweke takon soal PR. Sajake Tarso serik. Aku ditantang jotosan, dikangseni dina Minggu ing Stadion Klaten. Mesthi wae aku nyaguhi. Nanging aku kalah. Lestari dadi kukubane Tarso. Bubar kuwi njur wis ora tau ketemu, awit wis padha lulus SMA, banjur padha nerusake kuliyah.
Aku rada gumun maca serat lelayu iku. Bojone Lestari kok Gita Mursid. Lha Tarso biyen kae ana ngendi? Gita Mursid pancen uga gandrung karo Lestari, nanging sajege ora ditanggapi.
Tekan papan duhkita aku jenggilengan nggoleki, mbokmenawa Tarso uga katon layat. Nanging ora katon. Malah ketemu kanca lawas liyane. Mas Tris, Atmana, Muji, Aminah, kabeh wis kempot lan kisut kaya aku. Mbak Muji malah dakgodha:
“Wah, seprene kok isih ayu wae ta mbak?”
Dheweke nyengenges karo alok, “Wah, gombalmu seprene kok isih ta. Mula awet enom.”
Bubar omong terus ngrangkul, pipiku diambungi. Aku babar pisan ora kaget. Wiwit sekolah biyen nek kepethuk aku pancen ngono kuwi. Mas Julang, garwane sing lenggah ing sandhinge malah alok karo ngguyu:
“Alah, wis kisut we kok ngambung.”

Matur nuwun Mas, cincin iki bakal dakenggo selawase
Diwangsuli mbak Muji sakepenake, “Wis kebacut apa wiwit biyen.”
Loro-lorone iku biyen kanca sakelas, nanging umurane telung taun luwih tuwa timbang aku. Olehe pacaran ya wiwit ana SMA biyen, bisa kelakon jejodhowan nganti seprene. Wis padha tuwa kepethuk kanca lawas, dadi gayeng olehe padha omong-omongan. Mas Julang sekaliyan iku jebul ngerti anakku. Dheweke kandha:
“Dhik, upama kowe biyen menang jotosane, njur oleh Lestari iki, malah ora bagya uripmu.”
“Sababe apa Mas?” takonku.
“Dheweke iku gabug ora duwe anak. Sing ditulis ing serat lelayu kuwi anak pupon.”
Aku manthuk-manthuk. Pancen lagi ngerti iki. Sauntara mas Julang………
http://www.panjebarsemangat.co.id/tabeting-lakon-kepungkur
http://www.panjebarsemangat.co.id/tabeting-lakon-kepungkur
Tidak ada komentar:
Posting Komentar