Selasa, 30 Desember 2014

Oleh-Oleh Kongres Kebudayaan Jawa 2014, Urip Njawani Samesthine Rumasuk ing Pakarti


Ketua Panitia KKJ 2014 Prof Dr Dr Soetomo
Ketua Panitia KKJ 2014 Prof Dr Dr Soetomo
Mapan ana kutha Surakarta, Kongres Kebudayaan Jawa 2014 klakon kaleksanan dhek Senen 10 No-pem­ber nganti Rebo 12 November kepung­kur. Jadwal acarane pancen nganti dina Kemis, 13 November. Nanging kasunyatane kabeh adicara bisa tuntas ing dina Rebo bengi.
PS kang antuk kalodhangan teka, kaya-kaya antuk angin seger. Awit ing sadawane acara bisa sapatemon klawan para paraga kang nduweni rasa tresna marang budaya, mligine Jawa. Kamangka pasarta ora mung saka tlatah Jawa bae. Ana kang saka Bali, Nias, uga negara manca. Iki ndadekake mongkog, amarga kabukten budaya Jawa iku narik kawigaten.
Gub Jateng Ganjar Pranowo nalika sesorah ing pambukaning adicara KKJ 2014
Gub Jateng Ganjar Pranowo nalika sesorah ing pambukaning adicara KKJ 2014
Pambukaning KKJ 2014 mapan ana ISI Surakarta, diwiwiti kanthi pasugatan Tari Bedhaya Lala. Paraga cacah sanga ma­nganggo sarwa abang, mujudake mahasiswa ISI Surakarta, wasis lan nengsemake ang­gone padha mbeksa. Ing kalodhangan iki, rawuh Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pra­nowo, SH, saperlu nindakake tapak asta Nota Kesepahaman bebarengan karo Rektor ISI Surakarta, Dr. Sri Rochana Widyastutiening­rum, S. Kar., M. Hum.
Ganjar Pranowo uga ngandharake yen dheweke rumangsa miris ngulati para wakil rakyat kang bubar diresmekake malah padha udreg padu. Tumindak iku, miturut priya kang lair ing Karanganyar iku, ora trep klawan budaya rembugan amrih antuk mufakat.
Rembugan, Ganjar negesake, mujudake salah sawijine budaya kang bisa ditrapake ing paprentahan saha masyarakat. Dheweke menehi conto, wis nate nindakake rembu­gan klawan warga Batang nalika arep mbangun PLTU, uga adate rembugan ba­reng buruh kanggo netepake UMP, lsp. “Aku yakin yen sarana rembugan, pirang-pirang perkara bakal bisa dirampungake kanthi becik,” jlentrehe.
Gub DI Yogyakarta negesake bilih sikep wicaksana luwih penting digatekake
Gub DI Yogyakarta negesake bilih sikep wicaksana luwih penting digatekake
Ing adicara pambuka iku rawuh uga Walikota Surakarta FX Hadi Rudyatmo, mantan Gubernur Jawa Tengah lan mantan Mendagri Mardiyanto, uga Dirjen Kebudayaan RI Prof Kacung Marijan PhD. Lan sing mesthi, Prof Dr Dr Soetomo minangka sesepuh Ya­yasan Kantil.
Sadurunge pasarta bali menyang hotel, isih ana pasugatan wayang pakeliran. Wahyu Makutha Rama lakone. Nyritakake bab Kura­wa lan Pandhawa kang padha-padha ngu­paya antuk pusaka Astha Brata, amarga dipercaya kang antuk kanugrahan kasebut bisa mandhegani praja kanthi becik.
Dina candhake, kababar maneka bab kang wus dirancang panitiya kongres. Salah sijine saka Gubernur Daerah Istimewa Yog­yakarta, Sultan Hamengku Buwono X. Ngarsa Dalem ing kalodhangan iku negesake, dene watak njawani samesthine rumasuk ing tumindak. Aja kok kanthi sora nyuwarakake dene budaya kita wis kagerus budaya asing, nanging karemane manganggo busana pro­duk luwar negri. Pancen kudu wicaksana, ngelingi akeh bageyan-bageyan kang ora bisa diendhani magepokan karo budaya njaban rangkah. Kang luwih utama, miwiti bisa ngrumangsani sikep lan solah bawa kang trep klawan budaya Jawa.
Tari Bedhaya Lala
Tari Bedhaya Lala
Mooryati Soedibya kang kawentar kanthi produk Mustika Ratu ing KKJ 2014 uga kober ngandharake bab pentinge nglestarekake asil bumi Nuswantara. Mligine empon-empon kang mujarab kanggo usada (jamu), lan kosmetik.
Dene perwakilan Pangdan IV Dipone­goro, Mayjen Sunindio njlentrehake, ing ndalem TNI pancen ora ana bidhang kabuda­yan. Nanging bab budaya Jawa, banget akehe digunakake ing samadyaning karya. Ya nalika nindakake jejibahan, kaya dene watak satriya. Uga magepokan bab bebra­yan, ngelingi anggota TNI uga nduweni kula­warga, kang malah anggone mapan kape­tung nglumpuk (sakomplek).
Gub Jateng lan Rektor ISI Surakarta nalika tandha tangan Nota Kesepahaman
Gub Jateng lan Rektor ISI Surakarta nalika tandha tangan Nota Kesepahaman
Materi kang ora kalah narik kawigaten yaiku saka ature Sumardjoko. Priya Pacitan kang nate dadi camat Borobudur lan Kadin Pariwisata Kabupaten Magelang iki njlen­trehake dene Borobudur mujudake siji-sijine “keajaiban dunia” kang mapan ana kidule garis katulistiwa. Mula kawigatene masyarakat saha pamarentah kudu digrengsengake maneh.
Pardi Suratno medharake tulisan kang dipisungsungake marang para penulis sastra Jawa. Dheweke ngelingake amrih para penulis aja cilik atine. Uga rasa mongkoge, ing dinane iki isih akeh penulis kaya ta Sudi Yatmana ing Semarang, lan ing Kebumen ana Turiyo Ragilputra. “Yen zaman dhisik para penulis iku ana ing pangayome raja, saiki wis ora sowang-sowang maneh nanging lem­baga,” kandhane. Contone Kantil, Per­ma­dani, uga Swagotra.
Bab watak utamaning raja utawa “pe­mim­pin” sajake pancen lagi “naik daun”. Mbokmenawa magepokan karo kadadeyan politik durung suwe iki, yaiku pilihan presiden. Buktine, Drs. Akhmad Nugroho, SU lan Drs Anung Tedjowirawan, MA asung tulisan bab Kusumawicitra, minangka paraga “pemimpin ideal”.
Rebo bengi, ing adicara panutup, sansaya regeng. Amrih saliyane para panitiya atur lapuran lan rekomendasi, ana maneka hibu­ran. Tari Dholalak saka Purworejo salah sijine. Uga pranata cara kang njalari para pasarta ger-geran. Kepara bapak Mardiyanto kersa nembang kang ndadekake swasana gayeng. Siyap-siyap, amarga dirancang KKJ kalek­sanan maneh taun 2018 ing Surabaya, Jawa Timur. (nana)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar