Sasurute Sang Ywang Arka
Ora krungu ocehing kukila
Embuh…, yen wus padha kemba
Wanci jumedhuling purnama
Adhuh…, tumlawung ing dhadha
Raga kang wus lamba
Den rasa, saya nalangsa
Imbane, lir pinilara
Binarung ruming kidung suci
Asung sasmita adi
Rarah…, ririh.., juwarehi
Ora lestari, kehing dumadi
Tan bisa den selaki
Owah gingsiring pesthi
Mampir ngombe…, bebasane
Amung sekar, sekar rinonce
Rahsa katrem, tekan semene
Tan kuwawi…,pasrah…sumendhe
Ombake asmara, tan sare
Nahan kang wus sumare
Oncat…jiwa ragane
Tidak ada komentar:
Posting Komentar