
Asu lan kucing mbebayani tumrap manungsa
Lapuran panaliten wis nemokake resiko mungguhing manungsa saka tuwuhe penyakit marang kewan ingon-ingonane kang ndeder iku saiki pindhah mlebu menyang lingkungan omahe. Ing lapuran iku tinulis, manungsa bakal luwih nduweni risiko krana kewan ingon-ingone saya dadi perangan saka penguripan kita kabeh. Klebu bebarengan turu ing peturone.
Penyakite manungsa kang disebabake dening kewan bakal saya virulen. Kayadene rabies asu kang bisa mateni manungsa Afrika lan Asia setaune udakara ana wong 55.000.
Panaliten kang kapimpin dening Michael Day, profesor kedokteran hewan patologi ing Universitas Briston iki wis dipacak ing jurnal Emerging Infectious Diseases. Dheweke mratelakake, asu lan kucing mujudake sumber utama kang bisa nularake penyakit kang bisa mateni manungsa. “Sanajan cacahe kewan ingon-ingon iku sethithik, nanging mbebayani banget,” ujare.
Manut Day, ing negara maju, sesambungan antarane manungsa karo asu apadene kucing rumaket banget. Iki satemene piweling global marang zoonosis penyakit yaiku nyebare penyakit saka kewan menyang manungsa. Amrih obat lan vaksin enggal ditangkarake.
Sadurunge, ilmuwan nganggep parasit sing ditularake kucing bisa nyebabakeschizophrenia marang sing duwe kewan. Panaliten ing Leeds University nuduhake menawa parasit bisa mengaruhi prodhuksi dopamin, padha karo kimia sing nggawa pesen menyang uteg kanggo ngendhaleni obahe awak, kognitif lan paripolah, saengga nuwuhake dumadine schizophrenia lan gangguwan bipolar liyane.
Parasit iki nuwuhake infeksi uteg klawan wujud kista ing njero sel lan ngasilake enzim sing disebut tyrosine hydroxylase, kang diperlokake kanggo dopamin.
Schizophrenia mujudake gangguwan kang dumadi marang fungsi uteg. Sing nandhang lara iki tansah ngalami halusinasi utawa delusi, paripolahe ora tumata, lan paripolah katatonik (ekstrim).
Dene parasit Toxoplasma gondii adate nyerang kucing, lan bisa nularake liwat teleke. Iku mujudake mikroba kang nyebabake toxoplamosis. Ya iki kang dadi sebab geneya ibu ngandhut diajap supaya ngendhani sesambungan karo telek kucing kasebut.
Wiwit taun 1920, dhokter wis nganggep menawa wanita kang ketaman infeksitoxoplasmosis sasuwene anggone ngandhut bisa nularake penyakit menyang calon bayi, sing akibate bisa nuwuhake pati.
Tumrap wong diwasa, penyakit iki memper karo gejala flu, yaiku parasit iki menet sistem kekebalane awak engga akhire sing lara tambah nemen larane klawan komplikasi kayadene encephalitis (radang otak).
Sawatara penyakit kang bisa ditularake asu antara liya campylobacter. Penyakit kang nyerang saluran pencernaan iki disebabake dening bakteri campylobacterjejuni. Bakteri iki ditularake dening kewan ingon-ingon klebu asu, kucing lan manuk liwat sesambungan langsung, kontaminasi banyu ngombe apadene memangan daging kang durung mateng tenanan.
Akibat sing muncul amarga campylobacteriosis yaiku murus, nyeri lambung, lan yen wis nemen ing tataran tartamtu bisa ndadekake awak panas mriyang. Menawa murus-murus terus, akibate bisa kentekan cairan.
Ana uga penyakit kulit. Jinis penyakit kulit sing kerep ditularake dening asu yaikudermatophytosis utawa ringworm kang tinengeran klawan anane dlemokan gatel mubeng ing kulit. Sing dadi sebabe yaiku saweneh jamur kang nular liwat sesambungan langsung karo lumahing kulite asu kang wis ketaman infeksi.
Penyakit kulit liyane sing ditularake asu yaiku scabies sing disebabake dening tumane asu. Tuma iki bisa ndelik mlebu ngisore lumahing kulit lan ndadekake nyremumuh abang, kulit sisiken engga rontoge rambut apadene lumahing kulit liyane.
Penyakit sing disebabake dening infeksi cacing Toxocara canis iki dumadi ing saluran pencernakane asu lan endhoge bisa kegawa dening telek banjur ngregeti lemah. Yen kaisep utawa kolu dening manungsa, endhog iku bakal netes ing weteng banjur pindhah menyang perangane awak liyane.
Ing perangane kulit, larva cacing iki mung bakal nyebabake pisambat entheng kayadene nyremumuh lan gatel-gatel sanajan sok disartani adhem panas, watuk lan abuhe kelenjar limpa. Sabanjure, larva cacing iki bisa uga nggayuh marang ati lan mripat sarta njalari gangguwan marang gunane perangane awak kasebut. Mulane kita kudu ngati-ati yen duwe ingon-ingon bangsane kucing,asu lan manuk.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar