Minggu, 28 Desember 2014

Ngulinakake Obah Wiwit Mudha


Ngulinakake Obah Wiwit Mudha
Ngulinakake Obah Wiwit Mudha
Masyarakat kita, utamane bocah enom, sajake isih durung paham bebayane saka lageyane urip kang ora aktif. Kamangka, sacara klinis, kahanan iki bisa nyebabake sakehing penyakit ora nular kayadene kelemon (obesitas), darah tinggi (hipertensi), lan gangguwan jantung.
Perkembangan teknologi, informasi, lan globalisasi aweh pengaruh tumrap lageyane urip sawijining pawongan, utamane kanoman. Salah siji perangan lage­yane urip kasebut yaiku wujud kegiyatan fisik sing sajak ku­rang obah. Iki dibuktekake dening Riset Kesehatan Dasar (Ris­kendas) Kementerian Kesehatan (Kemenkes) taun 2013 ke­pungkur kang nuduhake meh se­paro saka perangan pendhu­dhuk Indonesia kelompok umur sandhuwure 10 taun kegolong nduweni pakulinan wegah ngo­bahake awake.
Watara 42 persen saka ke­lompok umur kasebut ana ing go­longan kurang nindakake ke­giyatan fisik suwene telu nganti lima setengah jam saben dina­ne. Saperangan akeh saka dhe­weke mau ana ing wewengkon Jawa Timur (udakara 33,9 per­sen) lan Jawa Barat (33 per­sen). Mungguhing pendhudhuk Jakarta, luwih saka 44 persen.
Dokter Andi Kurniawan SpKO saka Perhimpunan Dokter Spe­sialis Kedokteran Olahraga (PDSKO) mratelakake, asil pa­naliten marang 500 kanoman saka limang SMP lan limang SMA ing Jakarta nyebutake udakara 36 persen siswa nan­dhang kelemon (obesitas) lan 63 persen ora bagas waras (bugar). Sing mrihatinake maneh, tambahe, udakara 70 per­sen siswa ngaku nonton televisi lan komputer sedina luwih saka rong jam. Lan mung 28 persen sing ngeloni ekstra­kurikuler (ekskul) utawa klub olahraga.
Ukuran kelemon yaiku massa indeks awak, gajih awak, gajih weteng, dedege awak, umur, lan bobote awak. Sawata­ra, bagas warase awak diukur saka asil beep test, tes kelen­turan, lan tes kekuwatan. Mungguhing kanoman, ukurane yaiku duwe VO2 max 32 utawa bisa ngrampungake level 6 kanggone priya lan level 5 tumrap wanita.
“Kanoman jaman biyen yen jam istirahat (ngaso), main gobak sodor, basket, utawa liyane. Nanging, saiki luwih akeh main gadgetupdate status. Mulih sekolah uga numpak mobil utawa motor. Arang ana sing mlaku,” ujare Andi ing acara Indonesia Sehat dan Bugar (Indonesia SeGar) Siapkan Guru untuk Inspirasikan Gaya Hidup Aktif di Sekolah ing SMP Negeri 11 Jakarta, durung suwe iki.
Manut kandhane, kegiyatan fisik iku wigati banget kanggo nyengkuyung bocah kanoman utamane siswa ing sekolah supaya bisa bagas waras. Sebab, klawan urip giyat, jantung bakal kulina mompa getih menyang sakojur awak.
“Bocah aktif nindakake kegiyatan wis mesthi nduweni kemampuwan akademik kang luwih becik tinimbang kang ora aktif,” tandhese Andi. Kegiyatan fisik uga mupangati kang­go fungsi pernapasan lan daya tahane awak, mekar lan keku­watane otot, mikuwati balung, nyegah penyakit kronis, nindak­ake fungsi kognetif, njaga bobote awak, lan nyegah ati sumpek (depresi).
Mula iku ing kalodhangan iki Andi aweh saran marang wongtuwa supaya tansah miga­tekake panganan padinane ma­rang putrane lan mesthekake me­nawa wektu ngasone cukup. Upamane, matesi wektune non­ton televisi utawa  main game sa­engga turune anak ora kewe­ngen. Yen nutrisi kacukupan, kegi­yatan fisik sedina sethithike 60 menit lan ngasone cukup, anak wis bisa bagas waras (bugar).
Dokter Spesialis Kedokteran Olahraga Indrarti Soekotjo ngakoni, masyarakat sa­jak isih nglirwakake bebayane lage­yane urip kang ora aktif. Ka­mangka, sacara klinis, ka­hanan iki bakal mengaruhi un­dhake resiko marang kesehatan, mli­gine sakehing penyakit ora nular kayadene kelemon, hiper­tensi, lan gangguwan jantung, malah ing umur enom.
Mula iku, kita kabeh perlu obah (gerak) bebarengan kang­go mbiwarakake kegiyatan iki marang masyarakat, mligine generasi kanoman Indonesia,” ujare.
Sawatara iku, sawise aweh pelatihan marang para praktisi kesehatan lan nyepakake sakehing keperluwan olahraga ing ruwang-ruwang publik, saiki salah sawijine perusahaan inu­man segar liwat gerakan Indonesia SeGar njembarake caku­pane klawan nggepok salah sijine pilar wigati liyane, yaiku do­nyaning pendhidhikan utawa sekolah.

“Gerakan Indonesia SeGar teka klawan pendekatan holistik kang nduweni tujuwan mromosekake lageyane urip sehat lan aktif liwat sakehing kegiyatan, becik ing tingkat profesional medis apadene langsung menyang tingkat masyarakat,” kandhane Ratri Wahyundari, Sustainability Manager sawijining perusahaan inuman segar ing Indonesia kasebut. (KoSin)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar