
Aku lan adhiku kabeh wis mentas. Ora mung wis padha cekel gawe nanging uga wis omah-omah. Sing durung mung kari si ragil kang saiki mapan ing Denpasar minangka karyawati ing sawijining hotel berbintang. Dene Ayu, adhiku cer, manggon ing Tangerang ngetutake bojone kang ambyur ing kegiyatan wiraswasta.
Gandheng adhiku loro kabeh padha misah adoh karo wong tuwane, mung kari aku lan sisihanku sing ngancani bapak. Iku wae ora nunggal dadi saomah. Aku manggong perumahan ing pinggir kutha. Sisihanku kurang sreg yen jejere wis duwe gendera dhewe isih nemplek marang maratuwa.
Aku sing kerep nyambangi bapak bisa ngrasakake sepi, kemba, lan nglangute. Sedina-dina anane mung sepi lan sepi. Kang Parmin tukang srabutan kang manggon ing mburi daleme bapak, asring ngancani. Jalaran pancen tak pasrahi ngawat-awati wong tuwaku kasebut. Anakku sing wis SMP ora gelem nalika tak tari ngancani eyange.
“Eyang priyayine streng, kaku. Ngene ora pareng, ngono dipenging,” ujare anakku lugas.
Saben-saben nyawang bapak kang kasepen, aku trenyuh. Apa maneh bapak nate ngendika, “Aku paling wegah yen kudu nekani resepsi manten, Pras. Ketemu kanca, kepethuk mitra sing isih padha komplit, sarimbit karo sisihane, atiku nelangsa. Gawang-gawang gambare ibumu cumithak ing pikiranku.”
Isih lumayan dene bapak duwe komunitas padha-padha pensiunan. Paling ora saben sesasi sepisan ngadani patemon. Ya ing patemon mau atine bapak bisa kelipur. Kadhang bisa curhat-curhatan. Sanggan kang nyumpel ing dhadha bisa kasuntak. Nanging, patemon sing kaya mengkono mesthi wae ora bisa dumadi ing saben dina. Lan wektune ya mung winates. Yen wis kondur tekan dalem, rasa sepi mau nggubel maneh.
***

Tak jabel Pras pranyatanku sing wingi kae
“Ayu, aku kepengin omong-omongan karo kowe. Kapan awakmu bisa golek wektu rada senggang? Rembugan ngenani bapak,” ujarku marang adhiku sing nang Tangerang lumantar HP.
“Lho ngapa, Mas? Bapak kan sehat-sehat wae ta?” jawabe Ayu entheng.
“Lha ya ora ngapa-ngapa. Nanging, aku iki sing saben-saben ketemu, saben-saben meruhi, melu ngrasakake kesedhihane bapak. Ditinggal ibu, bapak durung kuwawa mbuwang sedhihe. Ya maklum wae bapak iku rak klebu priyayi lugu, ora remen neka-neka. Tresnane mung marang ibu sawiji, ginawa mati”, kandhaku. “Aku pengin berbuat sesuatu kanggo Bapak, Yu. Ancasku kanggo ngentheng-enthengi sanggane. Mula nek bisa muliha neng Yogya, tak jak rembugan bab iki. Luwih cetha yen ketemu adu arep. Ora mung liwat telpun ngene iki,” sambungku.
Sepuluh dina sawise iku, Ayu Nurhayati teka njujug omahku. Diampingi sisihanku aku crita akeh-akeh ngenani……..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar