
“Kula mboten rumaos dipun ganggu kok, malah bingah sanget dene panjenengan kok damel seger sumyah kula. Durung ketemu priyayine kok rumangsa marem krungu swarane, thik swarane ulem pisan, jaan…”
“Owalah Pak, panjenengan kok wonten-wonten kemawon ta?”
“Pak-pek, pak-pek, Mas ngono lho ben luwih romantis. Swarane slirane ki bisa njalari aku Wak Kaji Jen tlumpahan, turu ijen glimpahan. Swarane le renyah eram.”
“Ooo…inggih, mundhi dhawuh Kangmas. Hihihikk, romantis inggih? Mosok kula punika rempeyek Mas, kok dhawuhe swaraku renyah.”
“Jeng, sliramu nyebut aku Mas, sakala mak sirr…, wulu kalongku rasane sakojur kaya kena strum, langsung kena malarindu. Iki piye nek kaya ngene iki? Tambanana lho Jeng.”
“Pak…eee..Mas, panjenengan kok kura-kura dalam peti, pura-pura tidak mengerti. Malarindu rak ngunjuke cintablet. Lajeng sun sing swi.”
“Jeng, mbok aja mbeda terus ngono ta. Mangertiya ya Jeng, wiwit aku ketemu sepisanan karo sliramu ana Stasiun Kota Malang dhek wulan kepungkur, senadyan bebasan mung sakedheping netra, nanging langsung nunjem dhadha. Aku kena lara Jeng. Aku iki theklek kayu waru, tuwek kena penyakit rindhu, rindhu nyang randha ayu.”
“Ah mosok? Cinta monyet, rindu sesaat, cintrong bolong punapa kados pundi? Mangke gek kula mung kangge vitamin mawon, sara rek.”
“Jeng wis ra sah nganggo basa. Jabelen basamu. Dak kandhani ya Jeng, aku iki lagi butuh pendamping kanggo ngancani sisane uripku. Aku saiki gampang kena lara kadhemen lho Jeng, dadi aku butuh sing anget-anget. Sliramu sing dak anggep cocog Jeng.”
“Walah Mas…mosok aku dipadhakne wedang jahe, nggo anget-angetan. Lha nek trima anget-anget neng warung rak akeh sing adol ta Mas.”
“Tibake sliramu ya ketularan pisan kura-kura dalam perahu, pura-pura tidak tahu. Mosok ora paham karo anget-anget kanggone wong lanang, Jeng. Lali apa nglali?”

Jeng, dalem-mu abang apa jingga aku ora ngurus
“Welha, dadi genahe penjenengan ki golek bojo ngono ta Mas? Lha nek perkara kuwi wis nyepak lho Mas, kari piye petunge. Wis kono gek ngendika sing cetha, dadi kene kari mikir.”
“Weh, weh, weh, krungu ngendikamu ngono kuwi aku sakala malah nggreweli. Sliramu ki apa Jeng, marahi aku tambah gemeter terus ngene iki. Apa penake ben ndang beres, aku dak enggal-enggal mara nyang dalemmu? Piye, sliramu rak siap ta nampa tekaku?”
“Lho, lho, pun kesesa Mas. Aja ngebet ngono ta, wong durung dak jelasne. Aja kesusu nyang omahku, omahku ki merah lo Mas. Mengko njenengan durung tekan omahku, isih tekan separo dalan, wis kumat linune. Omahku ki merah.”
“Jeng, dalemmu abang apa jingga aku ora ngurus. Aku mara……….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar